Terpopuler
Aktifkan notifikasi untuk dapat info terkini, Bun!
Bunda dapat menonaktifkan kapanpun melalui pengaturan browser.
Nanti saja
Aktifkan

parenting

10 Cerita Dongeng Bahasa Jawa Singkat Terbaik untuk Anak, Menarik Bun

Hasna Fadhilah   |   HaiBunda

Selasa, 31 Jan 2023 21:20 WIB

Dongeng Bahasa Jawa
Dongeng Bahasa Jawa/ Foto: Getty Images/iStockphoto/Multipedia

Apakah Bunda pernah mengajak Si Kecil membaca cerita dongeng Bahasa Jawa? Jika belum pernah, yuk sekali-kali ajak anak mendengarkan dongeng Bahasa Jawa sekaligus untuk mengasah kemampuan bahasa daerahnya.

Tak melulu melalui kisah-kisah modern, Bunda dapat membacakan Si Kecil dongeng dalam Bahasa Jawa untuk memperkenalkan nilai-nilai kebaikan di dalamnya. Sama halnya dengan dongeng anak lain, cerita Bahasa Jawa dapat membantu mengembangkan otak dan melatih keterampilan berkomunikasi anak-anak.

Selain itu mengajak Si Kecil membaca beragam cerita dalam Bahasa Jawa, akan membuat mereka terbiasa memiliki keterampilan literasi sejak dini sekaligus untuk memperkenalkan kebudayaan lokal Jawa berupa cerkak atau cerita pendek.

Banyak dongeng Bahasa Jawa yang dapat Bunda pilih dan ceritakan pada Si Kecil. Kali ini Bubun akan membagikan berbagai macam cerita dalam Bahasa Jawa yang bisa menjadi referensi pilihan Bunda untuk Si Kecil. Simak selengkapnya berikut ini.

1. Dongeng Bahasa Jawa: Keong Mas

Dongeng Bahasa Jawa panjang yang menceritakan mengenai Keong mas dan sarat akan pesan moral berikut ini dikutip dari buku Baboning Pepak Basa Jawa, penerbit Genta Group Production (2020). 

Keong Mas

Raja Kertamarta yaitu Raja saking kerajaan Daha. Raja kagungan kalih priyantun putri, asmanipun Dewi Galuh ugi Candra Kirana ingkah endah ugi sae. Candra Kirana sampun ditunangkan dening putra makutha kerajaan Kahuripan yaitu Raden Inu Kertapati ingkang sae ugi wicaksana.

Sayangipun sedherek kandung Candra Kirana yaitu Galuh Ajeng iri sanget dening Candra Kirana, amargi Galuh Ajeng katresnan wonten Raden Inu. Lajeng Galuh Ajeng sowan marang eyang putri sihir kagem nyantet Candra Kirana.

Pan Mas nganipun ugi mitnah Cadra Kirana sahingga Candra Kirana diusir saking Istana tembe Candra Kirana tindak kesah dateng segara, eyang putri sihir dumadakan njedul lan nyihir Candra Kirana dados Keong Mas piyambake ugi mbucal Keong Mas wonten segara. Mungale sihir punika naming badhe ical menawi Keong Mas kepanggih kaliyan tunaganipun.

Wonten satunggaling dinten sapriyantun eyang putri nembe pados ulam kaliyan jala, lan Keong Mas kesangkut wonten jala eyang punika. Keong Mas dibeto kondur ugi dening eyang putri. Wonten dinten saklajenge eyang putri punika pados ulam malih wonten segara ananging mboten satunggal ulam kang bisa dijaring.

Dugi wonten griyanipun, eyang putri kaget amarga wonten meja sampun cemepak mangsakan ingkang nyamleng-nyamleng. Eyang putri pitaken wonten manah sinten ingkang ngirim mangsakan menika.

Mekaten ugi dinten-dinten saklajengipun eyang putri ngalami kedadosan sami, enjingipun eyang putri etok-etok menyang segara, piyambake ngindik punapa ingkang kedadosan wonten griyane, yektos Keong Mas berubah dados wong wadon endah lajeng mangsak, lajeng eyang putri ngendikan “Sinten sampean iku cah ayu?”

“Kula menika putri Kraton Daha ingkang disihir dados Keong Mas dening sedherek kula amargi piyambakipun iri dhateng kula.” Tembung Keong Mas, lajeng Candra Kirana berubah kondur malih dados Keong Mas. Eyang putri punika kaget lan gumun ngalami kedadean menika.

Sawentara pengeran Inu Kertapati mboten kresa mendel kemawon tembe mangertos Candra Kirana ngilang. Panjenengipun nggoleki Candra Kirana kanthi nylamur dados rakyat biasa. Eyang putri sihir akhire mangertos lan ngubah awake dadi manuk gagak kagem nyilakakake Raden Inu Kertapati.

Raden Inu Kertapati nggumun ndeleng manuk gagak sing bisa ngomong lan meruhi tujuane. Panjenenganipun nganggep manuk gagak kuwi sakti lan manut, padahal Raden Inu dipunparingna arah ingkang klintu.

Wonten magi Raden Inu kepanggih kaliyan sapriyantun eyang kakung ingkang nembe ngeleh, dipunparingi eyang kakung punika dhahar. Jebule eyang kakung iku priyantun sakti ingkang sae. Banjur eyang punika nulung Raden Inu saking manuk gagak punika.

Eyang kakung punika nggebug manuk gagak kaliyan tekene, manuk punika dados beluk. Akhire Raden Inu dipunparing priksa wonten pundi Candra Kirana sakmenika, Raden Inu di dawuhi tindak wonten dhusun dadapan. Saksampune mlaku pirang-pirang ndina suwene akhire Raden Inu dugi wonten dhusun Dadapan panjenenganipun mampir wonten setunggal gubuk ingkang kagem nyuwun tirta amargi perbekalane sampun telas. Tanpa dinyana tanpa dikira panjenenganipun kaget sanget, amargi saking balik jendela Raden Inu mriksani menawi tunanganipun nembe mangsak.

Akhire sihir kang wis anggawe Candra Kirana dadi Keong Mas ical amargi panggihan  kaliyan Raden Inu. Dumadakan eyang putri kundur dening gubuk punika banjur Candra Kirana nepangaken Raden Inu wonten eyang putri. Akhire Raden Inu mboyong tunangane wonten keraton, banjur Candra Kirana nyeriosaken menapa kang wis dadi tumindak Galuh Ajeng wonten Baginda Kertamarta.

Baginda nyuwun pangapunten dhateng Candra Kirana ugi sawalikipun. Galuh Ajeng oleh hukuman ingkang setimpal. Amargi ajrih Galuh Ajeng mlayu ana ing ngalas, lajeng piyambake tiba lan dhawah wonten ing jurang. Akhire Candra Kirana lan Raden Inu Kertapati krama. Piyambakipun sedaya mboyong eyang putri dadapan ingkang gumantos punika wonten kraton banjur piyambakipun sedaya rahajenging ngagesang.

2. Cerita dalam Bahasa Jawa: Grojogan Roro Kuning

Dongeng Bahasa Jawa berikut menceritakan mengenai asal-usul Grojogan Roro Kuning yang dikutip dari buku Tantri Basa Kelas 4, penerbit Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur (2016).

Grojogan Roro Kuning

Sawise Prabu Erlangga seda, kraton Kahuripan kaperang dadi loro yaitu Jenggala lan Panjalu. Kanggo ndadekake Kraton loro dadi siji meneh, Raja Jenggala sarujuk besanan karo Raja Penjalu.

Raja Jenggala kagungan putra kakung asmane Raden Inu Kertapati. Dene Raja Panjalu saka garwa prameswari kagungan putri asmane Dewi Sekartaji, lan saka garwa selir kagungan putri asmane Galuh Ajeng. Amarga Dewi Sekartaji luwih ayu lan apik budi pakertine yen katandhing karo Galuh Ajeng, mula Raden Inu Kertapati milih Dewi Sekartaji minangka jodhone.

Galuh Ajeng sing serik atine banjur golek dalan kanggo nyingkirake Dewi Sekartaji. Saka dhukun tenung, Galuh Ajeng oleh endhog sing wis dijampi-jampi kanggo disisipake ing dhaharane Dewi Sekartaji. Sawise Dewi Sekartaji dhahar endhog mau, sakujur awake Dewi Sekartaji krasa gatel, padha mlepuh, lan ngetokake ganda amis. Sadhar yen larane ora biasa, Dewi Sekartaji banjur sowan bibine yaiku Dewi Kilisuci pertapan Guwa Selomangleng.

"Laramu iki lara sembarangan, nanging kowe aja was-sumelang. Yen kowe bisa sabar, gelem ngupaya golek tamba, lan pasrah marang Gusti Kang Maha Kawasa, kowe malah bakal oleh kanugrahan," ngendikane Dewi Kilisuci manteb.

"Aja kesuwen, saiki enggal mlakua ngalor temokna Grojogan Mrambat ing Anjuk Ladhang (saiki Nganjuk)! Mesanggraha ana kana, saben esuk lan sore adusa nganggo banyune sing bening! Aja pisan-pisan gawe karusakan ing kana, awit banyune sing suci bisa dadi tambane laramu lan alame sing asri bisa ngadhemake ati sing panas!" Ngendikane Dewi Kilisuci sabanjure.

Ora Nindakake dhawuhe Dewi Kilisuci, ing Grojogan Mrambat Dewi Sekartaji ngedegake pesanggrahan. Supaya ora konangan yen panjenengane iku putra raja, Dewi Sekartaji ganti asma yaiku Roro Kuning. Panjenengane tansah njaga grojogan supaya tetep resik lan asri.

Saben dina panjenengane siram lan ngunjuk banyu grojogan. Ora nganti suwe kira-kira pitung dina lawase, penyakite Roro Kuning wis ilang. Roro Kuning mbalik dadi ayu maneh, ayu rupane uga ayu atine. Suwe-suwe Grojogan Mrambat dadi rame, akeh pawongan sing padha golek tamba ing kana.

Roro Kuning kanthi suka rena tansah paring tetulung marang sapadha padha, kanthi menehi dhaharan lan suguhan marang sakabehe pawongan sing mertamba. Kacarita, ing Jenggala Raden Inu Kertapati pirsa yen Dewi Sekartaji calon garwane ilang, panjenengane sedhih banget. Saka prajurit andhahane, panjenengane oleh lapuran yen ing Grojogan Mrambat ana wong wadon ayu sing seneng tetulung jenenge Roro Kuning.

Raden Inu Kertapati yakin yen Roro Kuning iku sejatine Dewi Sekartaji. Raden Inu Kertapati banjur kadherekake para prajurit mapag Dewi Sekartaji. Sawise ketemu, Dewi Sekartaji kaboyong didadekake garwa ing kraton. Sadurunge kondur ing kraton Raden Inu Kertapati dhawuh, "Besuk yen ana rejane zaman papan iki diarani Grojogan Roro Kuning!"

3. Dongeng fabel bahasa Jawa untuk pengantar tidur anak: Kethek Lan Bulus

Cerita fabel Bahasa jawa singkat berikut menceritakan  mengenai dua hewan yaitu monyet dan labi-labi yang dikutip dari buku Suluh Basa Jawa Kelas II untuk SD/MI, penerbit Duta (2015).

Kethek lan Bulus

Sawijine dina Kethek ngajak Blusur plesir. Ora lali padha nggawa sangu. Sawentara suwe mlaku, Kethek ngajak Bulus leren. Kethek lan Bulus ngaso sangisore wit.

“Sangumu dipangan bareng dhisik, ya, Lus?” akone Kethek marang Bulus.

“Mengko yen sangumu wis entek, kari mangan sanguku.” Kandhane Kethek. Bulus manut.

Kewan loro iku banjur telap-telep mangan. Sanguine Bulus entek dipangan bareng. Sawise mangan banjur nerusake laku. Tekan papan sing dituju panase sumelet. Kewan loro mau banjur ngaso.

“Ayo saiki genti sangumu dipangan bareng.” Pangajake Bulus.

“Aja! Sanguku arep tak pangan dhewe.” Sumaure Kethek.

Kethek menek wit banjur mangan sangune dhewekan. Bulus ora diwenehi.

Sawise mangan Kethek mudhun maneh. Nalika angin sumilir, Kethek ngantuk banjur keturon. Bulus ngrasa ngelak dan luwe banget. “Ssst, cepet lungo saka kene! Anak tukang mbedhag!” Bulus krungu swara lirih.

Bareng ditolek jebul manuk Derkuku. Bulus banjur gedhampal-gedhampal umpetan. Sauntara iku, Kethek sing keturon ora ngerti yen ana bilahi. Dheweke kecekel tukang mbedhag banjur digawa lunga.

Happy Asian family mother and daughter on bed in bedroom say good night before sleepCerita Dongeng Anak Sebelum Tidur/ Foto: Getty Images/iStockphoto/Nattakorn Maneerat

4. Cerita wayang dalam Bahasa Jawa: Gatotkaca Gugur

Cerita legenda dalam Bahasa Jawa berikut mengisahkan mengenai Gathutkaca yang gugur berikut yang dikutip dari buku Suluh Basa Jawa Kelas VI untuk SD/MI, penerbit Duta (2015).

Gathutkaca Gugur

Prang Baratayudha wis kadaden. Prajurit sing dadi kurbaning perang akeh banget. Senapati Kurawa lan Pandhawa sing gugur ugo akeh. Mundhak dina prang ora suda, nanging sangsaya ndadi. Tegal Kurusetra sing dienggo ajange prong wis kebak bathang prajurit sing dadi korban prang.

Ganda amis lan bacin ngambra-ambra nganti tekan desa sopinggire kana. Dina iku, kanthi busana senapati kang wernane sarwa putih, Raden Gathutkaca pamit marang ibune, yaiku Dewi Arimbi. Dewi Arimbi kanthi rasa mongkog mangestoni putrane madeg senapati mbela leluhure.

Semono uga rakyat ing Pringgadani, kabeh padha nyengkuyung ratune, Prabu Anom Gathutkaca, moju ing paprangan madeg senapati Dewi Pregiwa, kanthi iklas nguntopake budhale garwane maju ing pabaratan.

Sanajan kaya ngapa abote, nanging wis dadi kuwajibane satriya mbela negara, bangsa, lan martabate. Gathutkaca dhewe rumangsa mongkog Jalaran dipercaya dening para leluhure madeg senapati agung Ing madyaning paprangan, prajurit Pringgadani sing dipandhegani dening Gathutkaca, maju nerjang barisane mungsuh tanpa nduweni rasa wedi babar pisan.

Dhasar prajurit buta, tenagane rosa, tandange yo ngedab edabi. Sedhela wae mungsuh bosah baseh giris weruh 27 tandange prajurit saka Pringgadoni. Apa maneh nalika weruh Gathutkaca sing pancen sekti mandraguna tur bisa mabur. Saka angkasa dheweke ngobrak-abrik prajurit Kurawa, Sing dadi korban pangamuke Gathutkaca lan prajurite ora bisa kapetung maneh.

Prajurit Kurawa sing isih urip padha mlayu golek slamete dhewe-dhewe. Ngerti kahanan sing kaya mangkono, age-age Kurawa misudha senapati agung, yaiku Adipati Karna. Klakon adu arep antarane Adipati Karna mungsuh Gathutkaca. Prang tandhing tanpa gaman rame banget. Nanging, suwe-suwe taton menawa Karna kasese Rumangsa yen kahanane mbebayani, Karna age-age ngunus panah Kunta Wijayadanu, Gathutkaca sing kelingan menawa wrangkane Kunta Wijayadanu nganti seprene isih monggon ing pusere, banjur mabur nggeblas mumbul menyang langit. Dheweke ngadoh saka cumlorote panah Wijayadanu.

Sejatine Wijayadanu ora tekan anggone ngoyak abure Gathutkaca. Nanging, merga disawut lan diterusake dening arwahe Kalabendana, sidone Gathutkaca bisa kena. Wusanane Gothutkaca gugur, mbelani bangsa lan negarane.

5. Cerita dongeng anak dalam Bahasa Jawa: Roro Jonggrang

Dongeng anak dalam Bahasa jawa terkenal yaitu kisah Roro Jonggrang berikut dikutip dari buku Baboning Pepak Basa Jawa, penerbit Genta Group Production (2020).

Roro Jonggrang

Ana ing jaman kerajaan Hindu-Buddha wonten satunggaling pangeran kang nduwe jeneng Raden Bandung Bondowoso, panjenenganipun nun injih putra saking Raja Pengging Prabu Damar Moyo. Raden Bandung Bondowoso sawong pangeran sing terkenal kuwat lan sekti mandraguna.

Kajaba Pengging, ana kerajaan sing liya sing nduwe jeneng Keraton Boko. Raja Keraton Boko nun injih Prabu Boko lan satunggal patih kanti asma Patih Gupalo. Prabu Boko nduwe putri sing ayu banget kanthi jeneng Roro Jonggrang.

Ana ing sawijining dina Prabu Boko nduwe pepinginan ngambakne wilayah kerajaan kanthi nyerang Kerajaan Pengging. Prabu Boko ngumpulake pasukan kanggo nyerang Kerajaan Pengging. Peperangan gendhe banjur kedadean, korban jiwa lan bandha tansah katon ana ing pihak Kerajaan Pengging ugo Kerajaan Boko.

Kanggo ngurangi rakyate sing mati, Prabu Damar Moyo dawuh dening anake yaitu Raden Bandung Bondowoso supaya perang ngelawan Prabu Boko. Mergi kekuwatan lan kesektian saka Raden Bandung Bondowoso, Prabu Boko banjur bisa dikalahake nganti tekan patine.

Krungu Prabu Boko mati, Patih Gupalo dawuh marang pasukane kanggo mundur saka Kerajaan Pengging mlayu menyang Keraton Boko. Raden Bandung Bondowoso kang ngerteni yen prajurit saka Kerajaan Boko mundur banjung ngoyak Patih Gupalo lan pasukan sing mlayu menyang Keraton Boko.

Patih Gupalo sing ketok dhisik dewe ana Keraton nemoni Roro Jonggrang lan ngandhani menawi Prabu Boko wes mati neng tangan Raden Bandung Bondowoso. Ora suwe banjur Raden Bandung Bondowoso dugi ing keraton Boko. Pas dheweke lagi nggoleki Patih Gupalo neng njero istana, dheweke ketemu karo anak Prabu Boko yaiku Roro Jonggrang.

Amarga ayune Roro Jonggrang, Raden Bandung Bondowoso langsung katresnan marang piyambake. Lan njaluk kanggo bebatihan. Ananging Roro Jonggrang ora gelem, amarga dheweke ngerti menawi Raden Bandung Bondowoso sing wis mateni bapake.

Kanggo nolak lamaran Raden Bandung Bondowoso, Roro Jonggrang menehake syarat yen Raden Bandung Bondowoso pengen ngrabeni piyambake. Roro Jonggrang banjur ngendikan: “Yen sampean pengen ngrabeni aku, sampean kudu nggawekne aku siji sumur lan sewu candi ana wektu sewengi.”

Panjaluk Roro Jonggrang pancen mustahil dilakoni. Ananging Raden Bandung Bondowoso nyaguhi penjaluk saka Roro Jonggrang kasebut. Piyambake banjur nggawe sumur sing saiki dikenal kanthi jeneng Jalatunda. Lan nggawe 1000 candi kanthi njaluk bantuan para lelembut kanggo mbangun candi kasebut.

Kawatir Raden Bandung Bondowoso bisa nggrampungake gaweane banjur Roro Jonggrang njaluk dayang-dayang kanggo nutu pari lan ngobong damen neng siseh wetan supaya dikira menawi esuk wis teka.

Para lelembut sing ngewangi Raden Bandung Bondowoso kanggo mbangun 1000 candi pada kabur amarga wedi arep esuk. Bangun 1000 candi durung genep, Raden Bandung Bondowoso mung bisa nutugake nganti 999 candi.

Raden Bandung Bondowoso nesu, murka amarga saktemene srengenge durung njedul. Piyambake nesu basan reti yen Roro Jonggrang sing wis nglakoni kabeh mau supaya para lelembut ngiri srengenge wis njedul. Raden Bandung Bondowoso nesu lan ngutuk Roro Jonggrang dadi arca sing kanthi saiki dikenal kanthi jengen Arca Dewi Durga kanggo mepaki 1000 candi kesebut.

6. Cerita rakyat dalam Bahasa Jawa: Asal-usul Kali Jodo

Dongeng Bahasa Jawa singkat mengenai asal-usul Kali Jodo berikut ini dikutip dari buku Baboning Pepak Basa Jawa, penerbit Genta Group Production (2020).

Asal-usul Kali Jodo

Ing sawijining ndina ana pulau Batam, wonten setunggal dhusun ingkang dipanggeni Sapriyantun prawan yatim piatu kang nduwe asma Mah Bongsu. Piyambakipun dados abdi wonten kaluwarga Mak Piah.

Mak Piah kagungan sapriyantun putri nduwe asma Siti Maya. Wonten mukawis dinten, Mah Bongsu umbah-umbah sandangan majikane ing setunggal lepen.

“Ulooo!” bengok Mah Bongsu keweden merga mriksani ulo nyelaki piyamake.

Yektos ulo punika mboten ganas, banjut mendhet ulo ingkang loro punika lan mbeto wangsul datheng griya. Mah Bongsu banjur ngrumat ulo kasebat ngantos mantun.

Ulo kasebat dados sehat ugo soyo mundhak gede. Kulit njawinipun nglotok sekedhik-sekedhik. Mah Bongsu mundhut kulit ulo ingkang nglotok punika, lajeng mbakar nganggo geni.

Ajaib saben Mah Bongsu mbakar kulit ulo, metu kukus gedhe. Menawi kukus ngleres datheng Negeri Singapura, mila dumadakan wonten tumpukan emas berlian ugi yatra. Menawi kukusipun ngleres datheng negeri Jepang, dumadakan wonten pirantos elektronik ngastan Jepang.

Ugi menawi kukusipun ngleres datheng kitha Bandar Lampung, rawuh kain Lampung. Lebet tempo kalih, tiga wulan, Mah Bongsu dados sugih tebih nglangkungi Mak Piah.

Kesugihan Mah Bongsu dados nggawe tangga teparo penasaran. “Mesti Mah Bongsu ngingu tuyul!” tambung Mak Piah. Pak Buntal banjur nyemauri omongane garwanipun punika.

“Ora ngingu tuyul! Nanging dheweke nyolong bandaku! Kathah priyantun dados penasaran ugi ngupados menyelidiki asal urun banda Mah Bongsu. Kagem menyelidiki asal urun banda Mah Bongsu yektos mboten gampil.

Kathah saking priyantun dusun ingkang dangu menyelidiki ananging mboten saged manggih wadosipun. “Ingkang wigatos sakmenika mekaren, kita sedaya mboten dirugekake.” Tembung mak Ungkai dhateng tangginipun.

Malah Mak Ungkai ugi para tangginipun ngutarake matur sembah nuwun dhateng Mah Bongsu, amargi Mah Bongsu salajeng maringi bantuan nyekapi kesugengan piyambakipun sedaya sadinten-dinten.

Kajawi piyambakipun sedaya, Mah Bongsung ugi mbiyantu yatim piatu, priyantun ingkang gerah ugi priyantun ingkang pancen mbetahaken bantuan. Mah Bongsu sapriyantun ingkang lomo, sebat piyambakipun sedaya. Mak Piah ugi Siti Maya rumaos kesaing bandanipun.

Ameh saben dalu piyambakipun sedaya ngindik datheng dalem Mah Bongsu. “Wah ono ula sagedhe wit kambil.” Atur Mak Piah.

“Saking kulite ingkah nglotok saged ndhatengaken banda?” ature malih.

“Hmm, yen ngunu aku ugo arep ngingu ulo segedhe kui.” Batin Mak Piah. Mak Piah banjur tindak datheng ngalas golek ulo.

Mboten dangu, panjenenangipun angsa ulo kang nduweni wisa. “Saka ulo kang nduweni wisa iki mesti bisa nekakna banda karun langsung kathah tinimbang Mah Bongsu.” Penggalih Mak Piah.

Ulo punika lajeng dibeto kondur. Wonten ndalunipun ulo kang nduwe wisa punika dipunsarekaken sareng Siti Maya. “Kulo wedhi buk! Ulo iki bisa nyokot aku!” bengok Siti Maya keweden.

“Anakku wedhok, aja wedhi. Ulo iki bakal nekakake badha akeh.” Sanjang Mak Piah.

Sawentara punika, tatu ulo kangungan Mah Bongsu sampun mari.

Mah Bongsu tambah seneng. Kala Mah Bongsu nyiapake pakan ugi omben kagem ulonipun, panjenenganipun dumadakan kaget.

“Ampun kaget, dalu menika dugeke kula datheng lepen, panggen panggihan kita rumiyen.” Tembung ula ingkang yektos bisa ngandika kados manungsa.

Mah Bongsu ndherekne ulo punika datheng lepen. Sangantosipun teng lepen, ulo menika banjur ngendiko “Mah Bongsu, aku pengen mbales budi ingkang setimpal ingkang sampun panjenengan paringna wonten kula.” Ngendika ula punika. “Aku bakal nglamar sliramu dado garwaku.” Lajengipun.

Mah Bongsu tambah kaget, panjenenganipun mboten saged mangsuli pangandikan menika. Malah panjanenganipun dados bingung. Ulo banjur nyopot kulite saknalika ugi malik wujud dados sapriyantun pemuda ingkang bagus ugi gagah.

Kulit ulo sekti punika ugi malik wujud dados setunggal gedung ingkang ageng ing halaman ngajeng omah Mah Bongsu. Salajengipun panggen punika dipunparingi asma dhusun Tiban asal saking tembung ketiban, ingkang artosipun ketiban wahtu utawi bagya mulya.

Sewalikipun keluarga Mak Piah nembe kena musibah, yaitu Siti Maya tilar dunia amarga dicokot ulo.

Akhire Mah Bongsu nglajengaken pikraman kaliyan pemuda kasebat. Pesta dipunlajengaken tigang dinten tigang dalu. Saking menika ugi lepen panggihan Mah Bongsu kaliyan ulo sekti ingkang malik wujud dados pemuda bagus punika dados kali jodoh. Dadosipun lepen punika kawastanan lepen jodo utawa sungai jodoh.

7 Dongeng Sebelum Tidur Penuh Makna, Cerita Kancil dan Buaya Salah SatunyaCerita dalam Bahasa Jawa untuk Pengantar Tidur Anak/ Foto: Getty Images/eyesfoto

7. Dongeng Rakyat Nusantara: Asal-usul Guwa Ngerong

Cerita dongeng rakyat dalam Bahasa Jawa berikut menceritakan mengenai asal-usul Guwa Ngerong yang dikutip dari buku Tantri Basa Kelas 4, penerbit Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur (2016).

Asal-usul Guwa Ngerong

Dhek jaman biyen ing sisih kidul kulon tlatah Tuba, ana kraton cilik sing diarani Kraton Gumenggeng. Rajane asmane Prabu Arya Bangah. Amarga saperangan gedhe wilayahe dumadi saka pagunungan kapur, mula meh sadawane taun kraton kasebut tansah ngalami kangelan banyu. Kahanan kasebut ndadekake Prabu Aarya Bangah prihatin.

Prabu Arya Bangah nuli semedi, nyenyuwun marang Gusti kang Murbeng Dumadi supaya diparingi pituduh kanggp ngundhakake karaharjane rakyate. Sajerone semedi, Prabu Arya Bangah oleh wangsit yen reruwete Kraton Gumenggeng bakal sinar saka pitulungan Ki Jala Ijo ing pertapan Gunung Ngandhong.

Sawise semedi, Prabu Arya Bangah banjur nimbali Ki Jala Ijo. “Ki, anggon panjenenganingsun nimbali sliramu sowan ing pendhapa iki ana perlune.”

“Nuwun inggih, kula nyandhong dhawuh,” wangsulane Ki Jala Ijo.

“Saiki Praja Gumengeng lagi nandhang paceklik, tetanduran lan sato kewan padha mati awit kurang banyu. Mula, saiki sira dakutus goleka sumber banyu ing tlatah kene!” prentahe Prabu Arya Bangah.

Ki Jala Ijo nyanggupi parentahe Prabu Arya Bangah. Kanthi kadherekake punggawa kraton loro cacahe, Ki Jala Ijo mlaku ngulon parane. Tekan perengane gunung kapur, Ki Jala Ijo nancepake pusakane. Dumadakan, saka tilas mancepe pusaka metu banyu sing gemrojog. Suwe-suwe iline banyu tansaya banter lan ronge (terowongane) tambah amba nganti dadi guwa sing metu kaline.

“Besuk yen ana rejana jaman, papan iki diarani Guwa Ngerong.” Ngendikane Ki Jala Ijo. Marang punggawa loro, Ki Jala Ijo pesen yen punggawa loro iku ora oleh ninggalake guwa lan diutus njaga guwa lan sumber banyu.

Punggawa loro nyanggupi prentahe Ki Jala Ijo, kanthi njelma dadi iwak lan lawa dheweke njaga kelestariane lingkungan guwa. Wiwit kedadean iku, lingkungan ing kiwa tengene guwa dadi ijo royo-royo, thukul kang sarwa tinandur, lan murah sandhang pangan.

Guwa Ngerong Tuba, nganti saiki dikebaki maewu-ewu lawa lan iwak badher. Masyarakat ora ana sing wani ngrusak Guwa Ngerong jalaran anane gugon tuhon, yen lawa lan iwak iku panjilmane sing nunggu guwa. Sapa wonge sing ngrusak guwa, sumber banyu, wit-witan, iwak, lan lawa ing kiwa tengen Guwa Ngerong wong mau bakal nemoni cilaka.

8. Cerita dalam Bahasa Jawa: Trowulan

Dongeng anak berikut ini menceritakan mengenai kisah mengunjungi sebuah museum yang dikutip dari Kumpulan Cerita Anak Bahasa Jawa, penerbit Mikro Media Teknologi (2022).

Trowulan

"San, iki bekele. Dientekna, ya," ngendikane Ibu. "Insyaallah, matur nuwun, Bu," jawabku. Bungkusan kotak bekel karo botol ngombe iku taktrima terus taklebokno ranselku. Pas wis beres kabeh, aku pamit nang Bapak lan "Ihsan, mulihe aja kesorean, yo. Saben sore kan mesthi udan iki. Ati-ati nang dalan, aja ngebut," dhawuh Bapak.

Teka omah, aku nyusul Adi, terus budhal bareng nang Trowulan. Wis suwe aku pingin dolan mrono, tapi kaet saiki keturutan. Pas kebeneran Adi, kanca sakkelasku, pingin mrono pisan. Omahe Adi mek kacek telung omah teka omahku.

Trowulan iki petilasane Kerajaan Majapahit. Lokasine nang Kecamatan Trowulan, Kabupaten Mojokerto. Ora sepira adoh teka omahku, palingan setengah jam wis nyampe nek nggawe sepedah. Aku mbek Adi mancal sepedah alon-alon nang pinggir dalan. Ngobrol disambi ndelok pemandangan nang dalan.

Dina Minggu iki aku mbek Adi pingin ndelok Museum Majapahit karo Patung Buddha Tidur. Dadi pas nyampe Trowulan jam sanga, kene langsung nang museum, Tuku tikete murah, soale jik pelajar, aku lan Adi kelas 5 SD. Mari dipriksa tikete, kene mlebu museum.

Ternyata koleksine museum iki lengkap banget. Infone penjaga museum, saiki luwih teka satus ewu koleksine. Wakeh banget, yo! Dudu cuman koleksi zaman Majapahit, tapi ana koleksi kerajaan liyane pisan, kayak Kerajaan Kahuripan, Kediri, lan Singhasari. Museum Majapahit iki dewe sejarahe yo wis suwe banget. Kawitane dibangun karo Bupati Mojokerto, R. A. A. Kromodjojo Adinegoro. Bareng karo arsitek Belanda, Henry Maclaine Pont, dibangun Oudheeidkundige Vereebeging Majapahit (OVM), tanggal 24 April 1924. Saiki OVM dadi kantore BP3 Trowulan. Pas wis akeh koleksine, baru dibangun Museum Trowulan, taun 1926.

Trowulan iku ternyata ibu kotane Majapahit sing terakhir. Majapahit iku kerajaan gedhe nang Asia Tenggara, teka abad ke-13 nganti abad ke-15. Majapahit iki jayane pas dititah Hayam Wuruk karo Patih Gadjah Mada. Wilayahe pas zaman iku nganti nang Malaysia lan Thailand.

Barang sing dipamerno nang museum iki macem-macem. Ana arca, dhuwit, prasasti, senjata, rajabrana, piranti masak, piranti omah, lan sakpanunggalane. Rajabranane emas karo perak, lan kerajinan liyane teka kuningan, perunggu, wesi, lan tembaga. Saking senenge ndelok koleksi sing sakabreg iku, moro-moro wis adan Zuhur. Aku mbek Adi metu nang musala.

Bar salat, kene mangan nang pendapa. Pegel muter-muteri museum, luwe, trus mangan nang kene iki enak banget. Angine adem silir-silir, soale pendapa iki dikelilingi petilasan candi. Aku dibekeli Ibu sega rames. Lawuhe terik tempe, empal, srundeng, sambel goreng ati lan kentang, karo cah kangkung.

Alhamdulillah, enak banget! Biasane aku lan Adi nek piknik ijol-ijolan bekel. Merga jik pandemi, dadi kene mangan bekele dewe dewe. Mari mangan, kene budhal nang Maha Vihara Majapahit, Desa Bejijong. Nang kene ana Rupang Sleeping Buddha, utawa Patung Buddha Tidur. Patung iki mlebu MURI, soale nomer telu paling gede sakdunia. 

9. Dongeng Anak Sebelum Tidur: Gobag Sodor

Cerita anak Bahasa Jawa berikut menceritakan permainan tradisional Gobag Sodor yang dikutip dari buku Tantri Basa Jawa Kelas 5, penerbit Pemerintah Daerah Provinsi Jawa Timur (2016).

Gobag Sodor

Dina Setu ing kelas V ana pelajaran olah raga. Kabeh murid kelas V wis padha baris ing lapangan. Kabeh padha bregas lan seger. Barise manut klompoke dhewe-dhewe. Kabehe ana limang klompok. Saben klompok bocah papat. Bima dadi ketua klompok telu.

"Dina iki dolanan gobag sodor. Sapa sing wis tau dolanan gobag sodor?" Pandangune Pak Imam.

Bima, Niken, Wati, Ruslan lan Munip ngacung. Pancen bocah lima iku kerep dolanan gobag sodor ing platarane Pak Jono.

Sawise padha hompimpah, dolanan gobag sodor kawiwitan.

"Ketua klompok dadi sodore, sing liyane dadi sing njaga," Pak Imam wis nggawe garis kothakan amba. Ana nem kothak, telu ing sisih kiwa lan telu ing sisih tengen. Ing tengahe ana garis kanggo sodore. Sing jaga padha jaga ing garis buri kothak.

Bima wiwit maju dadi sodor. Mungsuhe klompoke Munip. "Bukak!"

Bima mlayu nengah. Munip lan Iwan ing sisih tengene. Wati lan Nuri ucul ing kotak sabanjure. Bocah loro iku dijaga karo Sari. Ing burine Sari isih ana Roni lan Firli.

Sing njaga nduweni kuwajiban njaga kothak bageane. Mula kudu waspada lan ngati-ati, aja nganti kecekel. Kabeh padha gesit lan trengginas. Gobag sodor nglatih kelantipan lan ketrampilan. Bakal menang yen salah siji ana sing bisa ngliwati kabeh sing njaga saka ngarep nganti buri, lan bali ing garis mengarep tanpa kecekel sing njaga.

Kabeh klompok wis main. Sing menang klompoke Munip. Jam pelajaran olah raga wis rampung. Kabeh siswa isih ngethupyuk ngomongake dolanan gobag sodor. Kabeh padha seneng, bisa luwih guyub rukun amarga dolanan tradhisional.

10. Cerita Anak Penuh Pesan Moral: Pitik Wicaksana lan Ula kang Legawa

Cerita anak Bahasa Jawa sarat pesan moral berikut ini dikutip dari buku Ayam Bijaksana dan Ular yang Berlapang Dada (Kumpulan Fabel Bilingual Menarik untuk Anak), penerbit Goresan Pena (2021).

Pitik Wicaksana lan Ula kang Legawa

Sawijining dina Pak Tani lagi makani pitik ingon-ingone. Sinambi rengeng-rengeng nembang “Pitik Tukung”, Pak Tani ngitung cacahe pitik duweke. Dheweke gumun lha kok pitike ora ana siji. Jebule Mia, si pitik sing ilang mau lagi saba, mlaku-mlaku turut sawah. Dheweke ketemu Lilo, ula kanca kenthele kang lagi dhedhe ing galengan.

Beda karo ula liyane sing gaweyane mangsa pitik, Lilo kuwi malah kekancan karo Mia, temahan wis kaya kakang adi. “Eh, Mas Lilo lagi ngapa?" Pitakone Mia. "Oo. Dik Mia. Iki lho, lagi dhedhe ben awake kepenak, mumpung sawahe sepi ora ana manungsa. Lha kowe arep menyang endi?" Wangsulane Lilo. "Ya, aku lagi dhedhe karo ceker-ceker golek pangan." Pocap Mia. "Eh Dik, aku ki lagi susah. Sakjane aku wis suwe nggateake awakmu. Kok rumangsaku yen dadi awakmu ki kenenak tenan" pocap Lilo.

"Kepenak kepiye?" Pitakone Mia.

"Kowe duwe sikil isa dinggo ceker-ceker lemah. Uga duwe suwiwi lan cucuk sing wangun, dene aku ora duwe sikil lan wulu. Bangsamu wulune apik-apik, ana sing ireng, blirik, wido, ana sing wiring kuning, bareng aku anane ireng mbekusuk elik," sambate Lilo.

"We lha, ya ora ngono Mas. Aku ki yo jane kepengin kaya sampeyan. Bisa nlesep-nlesep. Lunga dhewe ora perlu wedi amarga kabeh pada wedi marang awakmu. Mas Lilo ki yo duwe kaluwihan paringan Gusti Allah. Wujud awak sing dawa, kulit mulus, duwe wisa kang bisa kanggo medeni para mungsuh, dene aku duwe akeh mungsuh. Ana garangan, regul, lan isih akeh liyane, "wangsulane Mia.

"Nanging, yo, tetep kepenak kowe, Dik. Manungsa seneng kowe, kadang ngelus-elus wulumu. Endhogmu enak dipangan, kena dinggo jamu, dene endhogku ora payu. Sapa sing doyan endhog ula? "Lilo mangsuli.

"Mas, Gusti Allah ki Mahamurah Mahawelas, Mahaadil. Murahe kabeh umat diparingi nyawa, diparingi garan urip dhewe-dhewe. Aku isa ceceker, Mas Lilo isa nyilem ing njero banyu golek iwak. Kebo lan sapi pada mangan suket. Kabeh kewan wis duwe rejeki dhewe dhewe. Ayo pada disukuri. Muga-muga Gusti Allah bakal nikelake peparinge. Sebab yen awakedhewe ora nyukuri. Gusti Allah bisa duka lan bakal maringi siksa luwih abot, "pitutur Mia nerangake.

Dumadakan ana Pak Tani kang lagi ngileni banyu ing sawah meruhi kekarone. Pak Tani kaget amarga ana ula bareng karo pitik duweke sing ilang mau. Aja-aja ula kang duwe wisa iku arep mangsa pitik sing dieman-eman Pak Tani. Dheweke banjur age-age golek gebug ana ing saubenge sawah mau, banjur siyap nggebug ula.

Lilo ora kalah waspada. "Wong kae kok arep gawe rekasaku, aku kudu nylametke awakku. Ula banjur ndengek sirahe ngadeg, dhadhane diplembungake, wisa kang sumimpen ana ing tutuke disemburake tumuju Pak Tani.

Alhamdulillah, Pak Tani bisa endha lan nuli mlayu sumingkir tinimbang kena bebaya wisane Lilo. Sakwise Pak Tani lunga, Mia sing mau kaget lan mlayu ngadoh banjur bali nyedhak nemoni Lilo.

"Kae to, Mas Lilo. Yen sampeyan ora duwe wisa, Pak Tani ora bakal lunga mlayu, malah sampeyan kasil digebug. Lilo ngakoni pancen bener omongane Mia. Lilo manthuk manthuk, legawa nrima marang pituture Mia. Sanadyan luwih enom, ananging Lilo ngakoni kawicaksanane Mia.

Demikian kumpulan cerita dongeng dalam Bahasa Jawa yang bisa Bunda ceritakan kepada Si Kecil sebelum tidur.

Bunda, yuk download aplikasi digital Allo Bank di sini. Dapatkan diskon 10 persen dan cashback 5 persen.

Simak lima dongeng lainnya dalam video di bawah ini:

[Gambas:Video Haibunda]



(rap/rap)

TOPIK TERKAIT

HIGHLIGHT

Temukan lebih banyak tentang
Fase Bunda